Wednesday, April 26, 2006

Interview ...... ( Tawa itu sehat )


G : Kowe nduwe omah opo ora.....? a : dereng.... G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene a : Lho kok ngaten........? G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. G : Yo malah ora ketompo a : Lho kok ngaten.....? G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae. ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe nduwe motor opo ora....? b : Mboten. G : Ora ketompo b : Lho kok mboten ketompo ? G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo bekto ngriki. G : Wah malah ra ketompo.... b : lho kok ngoten G : Tempat parkire wis ra cukup. ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe wis lulus sarjana tenan.....? c : sampun pak.... G : Ora ketompo, c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi G : Malah ora ketompo..... c : Lho kados pundi to....? G : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek
kerjo neng perusahaan liyo. ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe seneng guyon opo ora ? d : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe. G : Ra ketompo..... d : waa......kok ngoten? G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. d : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon. G : Malah ora ketompo. .
d : Lho kok...... G : Mengko kowe mung email emailan sing lucu....... ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe mau mrene numpak opo ? e : Nitih mobil G : Kowe ora ketompo e : Sebabipun ? G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus e : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok G : Tambah ora ketompo e : Lho, lha kok ... ? G : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor.Ngrusuhi! ----------------------------------------------------------------------
G : Anakmu akeh opo sithik ? f : Kathah pak G : Kowe ora ketompo f : Sebabipun ? G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok. G : Tambah ora ketompo f : Lho, lha kok ... ? G : Gawe anak wae aras2en, opo maneh nyambut gawe ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ? h : Dereng G : Kowe ora ketompo h : Sebabipun ? G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ? h : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok G : Tambah ora ketompo h : Lho, lha kok ... ? G : Kowe rak mung arep keminter, to ? ----------------------------------------------------------------------

G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
k : Dereng G : Kowe ora ketompo k : Sebabipun ? G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore ? k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok G : Tambah ora ketompo k : Lho, lha kok ... ? G : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to ? ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe kerep loro ? m : Mboten G : Kowe ora ketompo m : Sebabipun ? G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering m : Wah, sakjanipun nggih asring G : Tambah ora ketompo m : Lho, lha kok ... ? G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren. ----------------------------------------------------------------------
G : Kowe biso main Internet ? n : mBoten G : Kowe ora ketompo n : Sebabipun ? G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet) n : Wah, sakjanipun nggih saged G : Tambah ora ketompo n : Lho, lha kok ... ? G : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan Internet, to? Ngentek-entekke pulsa ! ---------------------------------------------------------------------- G : Kowe waras opo ora? o : Lha, kulo nggih waras to Pak. G : Ra ketompo....... o : Kenging nopo .....? G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. G : Malah ra ketompo...... o : Pripun to niki....? G : Mengko aku duwe saingan........

<>

No comments: